Boleh mengcopy artikel yang ada di blog ini dengan syarat mencantumkan alamat lengkap artikel tersebut dan juga memfollow blog ini dengan cara klik Join this site yang ada di bagian kanan bawah blog ini.

Rabu, 17 April 2013

MC Pembawa Acara Upacara Ijab Qobul Bahasa Jawa Tuladha Atur Pambagyaharjo

| Rabu, 17 April 2013 | 1 komentar


MC Pembawa Acara Upacara Ijab Qobul Bahasa Jawa

Tuladha Atur Pambagyaharjo

Assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.
Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT ingkang Maha Asih, mugi tansah kasajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan,
Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinunhi, para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutaman ingkang satuhu bagya mulya.
Nun inggih, brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para purna karya label praja ingkang mahambeg luhuring darma, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing Kitab Suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wreda, carana madya, para tamu kakung suwana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bapak........... sakaliyan garwa, kula ingkang kapitedhah sinaraya hambuka wiwaranging suka, wenganining wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara, ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, kepareng atur uninga menggah reroncening adicara sakmangke.
  1. Pambuka
  2. Waosan Kitab Suci Al Quran
  3. Pasrah calon penganten kakung
  4. Tampi pasrah calon penganten kakung
  5. Ijab qobul nikahipun putra calon temanten
  6. Sumene
  7. Penutup
      Makaten urut reroncening adicara ingkang rinancang saha rinakit dening kulawarga.
    Para lenggah,
    Adicara ingkang angka sepisan sampun kaleksanan. Tataran ingkang angka kalih punika waosan Kitab Suci Al Quran dening sedherek.............
    Dhumateng panjenenganipun sedherek............ kula sumanggakaken.

WAOSAN KITAB SUCI AL QURAN

Matur nuwun dhumateng panjenenganipun sedherek............
Mugi-mugi amal kesaenan panjenengan katampi dening Allah SWT, saha pikantuk ganjaran pahala ingkang matikel-tikel.
Para lenggah, mugi-mugi kula panjenengan sedaya ingkang midhangetaken waosan ayat-ayat suci Al Quran kala wau, pikantuk rahmat saking Ngarsa Dalem Allah SWT, wusana andadosna wuwuhing iman tuwin taqwa dhumateng kita sedaya.
Para lenggah ingkang dhahat kinurmatan.
Salajengipun, sumangga tumapak dhateng adicara pasrah panampining calon panganten kakung punika badhe kasariran dening panjenenganipun Bapak..............., Tumunten badhe katampi Bapak .................. minangka sulih sarira panjenenganipun ingkang hamengku gati.
Dhumateng panjenenganipun Bapak.......... saha Bapak..........., wekdal saha swasana kula sumanggakaken.

ATUR PASRAH CALON PENGANTEN KAKUNG

Para rawuh ingkang tuhu inabekten.
Mekaten paring pangandikan saking panjenenganipun Bapak........... ingkang kapireng cetha, gamblang saha wijang-wijiling sabda.
Salajengipun, atur panampi pasrahing calon penganten kakung dipun sarirani dening panjenenganipun Bapak..........
Dhumateng panjenenganipun Bapak................ kula sumanggakaken.

ATUR TAMPI PASRAH CALON PENGANTEN KAKUNG

Sampun paripurna titlaksana pasrah tinampining risang calon penganten kakung.
Laksitaning gati salajengipun nun akad nikah risang calon penganten kekalih. Dhumateng Bapak Naib saha parapara ingkang hanawung kridha tumapaking adicara akad nikah, sumangga.
    UPACARA IJAB QOBUL

Para rawuh ingkang tuhu kinabekten.
Mekaten adicara suci nikahipun Nakmas.............. kaliyan Nakajeng.............. sampun kalaksanan kanthi raharja nir ing sambekala. Agunging panuwunan ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng panjenenganipun Bapak Nnaib sakkadang.
Para rawuh kakung suwana putri ingkang minulya. Saking keparengipun Bapak........ sakaliyan, panjenengan sedaya kasuwun keparenga lelenggagan malih kanthi mardikanipun penggalih, hanjenengi lampahing adicara ngantos dumugi purnaning gati.
Mbok bilih taksih wonten ayahan ingkang kedah karampungaken. Bapak saha Ibu ................ namung saged handherekaken jengkaripun saking wisma upacara punika.
Matur nuwun

Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya. Lumadosing pasugatan prasaja ingkang katur wonten ngarsa panjenengan sami punika, minangka cihnaning raos syukuripun Bapak saha Ibu ........ dene sampun saged kalaksanan ing sedya netepi darmaning asepuh.
Pramila sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi mardikaning penggalih. Sumangga. Nuwun.

Para rawuh ingkang tuhu kinabekten. Atur uninga, bilih sapunika sampun dungkap paripurnaning adicara. Nugraha saha sih wilasa dalem Allah SWT andayani lampahing upacara saking purwa, madya dumugi swasana, pinaringan wilujeng kalis saking rubeda, kalis saking sambekala.
Minangka pratandha raos panuwun sumangga sesarengan asung puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, wonten pungkasaning adicara ing kalenggahan punika. Sumangga kula dherekaken.
Alhamdulillahi rabbil'alamin.
Cekap matur nuwun.
Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para tamu kakung miwah putri ingkang minulya, mbok bilih Bapak ............. sekaliyan anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sami kirang mranani penggalih, lan anggenipun atur palenggahan saha pasugatan kirang murwat, mawantu-wantu panyuwunipun Bapak saha Ibu.......... keparenga panjenengan sedaya paring pangaksama ingkang agung.
Konduripun para tamu, Bapak............ sekaliyan namung saged nderekaken kasugengan.
Kula ingkang nindakaken ayahan minangka paranatacara, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken sarjuning penggalih, inggih awit saking taksih cupeting saha cubluking seserepan kula ing reh subasito, basa tuwin sastra, kula namung tansah tumadhah paringipun pangaksama.
Wasana sugeng kondur, sugeng pepisahan, mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Nuwun matur nuwun.
Kasuwun dhumateng panganten sarimbit, Bapak............ sekaliyan saha Bapak Ibu, keparenga jengkar saking wisma upacara, lajeng jumeneng wonten sangajengipun wiwara, asung pakurmatan konduripun para tamu kanthi jawat asta.
Sumangga, nuwun.
Alhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Referensi:
Murwatono, Sri Hono. 2006. Sesorah: Pranatacara Saha Pamedhar Sabda. Yogyakarta: Absolut

Related Post



1 komentar:

Ekonomi Syariah STAIN Salatiga mengatakan...

maturnuwun

:)) ;)) ;;) :D ;) :p :(( :) :( :X =(( :-o :-/ :-* :| 8-} :)] ~x( :-t b-( :-L x( =))

Posting Komentar

Komentar Anda sangat bermanfaat untuk kemajuan blog ini lebih baik ^_^
Anda boleh mencopy paste asalkan mencantumkan link hidup ke postingan ini.

 

Tukar Link

Langganan Artikel lewat email

Enter your email address:

Delivered by FeedBurner

Pengunjung

widget

Ayat-Ayat Al Qur'an

Follower

Mengenai saya

Nama:
Wahid Nur Hidayat
Tempat/tanggal lahir:
20 Mei 1991
Alamat:
Kulon Progo, Yogyakarta

© Copyright 2010. wahidnh.blogspot.com . All rights reserved | wahidnh.blogspot.com is proudly powered by Blogger.com | Template by o-om.com - zoomtemplate.com| Modified by wahidnh.blogspot.com